Halllooo, sederek-sederek. Postingan ku kali iki nggae boso jowo. Seng gudhuk wong Jowo, sepurane lho yo rek :)).
Sak durunge, aku ate ngocapno "Selamat Tahun baru Hijriah 1434 H". Semoga ndek taun seng anyar iki, dusone awakke dewe dipangapuro karo gusti Allah. Ammmiiinnn.
Dino-dino iki, adekku sering banget curhat tentang masalah e ndek sekolah. Mulai tekan masalah pelajaran, masalah konco-kocone, sampek masalah deweke gak gelem gae krudung. (Seng terakhir iki rodok nggaplek ancen)
Aku gak ngerti opo seng ndek pikirane adekku sampe mikirno hal-hal koyok ngono. Lek masalah pelajaran aku maklum. Masalah konco? Emang e konco bermasalah ambek opo coba? Kan mek koncoan tok. Lek gelem koncoan yo gak po po, lek gak gelem yo gak po po. Kudune mikir e koyok ngono.
Kudune adekku duwe konco seng akeh, dadi lek koncone seng liyane ilang, deweke duwe konco seng liyane.
Emang e author duwe konco akeh?
Aku duwe konco akeh yo, waktu jaman-jaman esema, ben kelas aku duwe konco, dadi lek bosen aku muter nang konco-koncoku gae dolen. Tepat e gak dolen, tapi nggosip, dan iku lek nggosip gak ngerti waktu, kabeh dadi bahan gosipan. Tapi seng paling akeh digosipi iku arek paling endel sak sekolahan.
hee author, iki crito tentang koncomu opo masalah e adekmu?
Oh iyo, iki wes out of topic, mbalek maneh ayo. Selain masalah konco, seng terakhir iki ancen rodok nggaplek, bayangno iki masalah krudung!
aku berusaha mbayangno, tapi kok gak iso yo author?
Oke, berarti gak usah dibayangno. Tak critani ae. Lek gak salah tepak dino rebo, ndek sekolah e adekku di kongkon gae krudung, lha adekku iku petrak, deweke gakk gelem gae krudung. Dadine deweke nangis gara-gara dipekso gae krudung. Tapi masio arekke gak gelem sampe nangis, deweke yo tetep nggae krudung.
Adekmmu kok rodok nggaplek yo author -___-
Iku masalah e adekku. Tapi sak ngertiku aku sak umur-umur gak duwe masalah aneh koyok adekku.
Oke, iku postinganku saiki. Dah dahhhhh....







0 komentar:
Posting Komentar