RSS
Tampilkan postingan dengan label Jowo. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Jowo. Tampilkan semua postingan

Kebiasaane Wong Indonesia


Halllooo saderek-saderek, ketemu maneh ambek aku ndek postingan boso Jowo iki.  Wes suwih rasane gak mosting gawe boso Jowo. Langsung ae ketimbang kakean cangkem. 

Posingan iki aku ate mbahas tentang kebiasaan aneh wong Indonesia, opo maneh wong Malang. Langsung ae yooo!!!

1. Lek gak mangan sego gak mangan jenenge. 

Lha iki kebiasaan wong Indonesia sing aneh. Masio wes mangan roti wakeh a tetep ae sek luwe lek gak mangan sego. Masio wes nyemil macem-macem tekan seng enteng koyok krupuk sampe seng abot koyok gorengan pohong a tetep ae luwih lek gak kenek sego. Ancen weteng e wong Indonesia iku weteng sego kok. 

2. Luwih seneng mangan gae tangan langsung ketimbang gae sendok. 

Iki cara paling weennaakk gae mangan masakan Padang (masio aku gak seneng). Ancen luwih mantep gae tangan langsung ketimbang gae sendok. Contoh e mangan botok, mangan pecel, mangan sego campur, ambek mangan krupuk karo kecap. Mantep ikuuu. 

3. Bakso iku cemilan guduk panganan seng abod. 

Bakso iku kan tekan daging kan, iku lek gae wong Indonesia, opo maneh wong Malang, iku cemilan guduk panganan abod model sego. Bakso iku mek gae selinggan tok sak durunge mangan sego. Koyok seng wes tak jelasno ndek no. 1. Wong Indonesia iku gak lego sak durunge mangan sego. 

4. Luwih seneng ngomong model 'Tarzan'.

Iki berlaku pisan gae wong Malang. Lek ngomong ancen kudu nyolot. Lek gak nyolot iku gak tuwuk. Ancen lek ngomong iku kudu sampe urat e metu kabeh. Sampe-sampe lek wong seng gak tau nang Malang terus ngomong karo wong Malang pasti mikir lek wong iki ngamuk. IKU GUDUK NGAMUK KEERR, IKU KEBIASAANNN!!. 

Yo koyok ngono. 

5. Iki berlaku gae wong Malang, ngomong 'Janc*k' iku dadi kata sisipan. 

Iku urakane wong Malang. Lek ngomong mesti di selipi ambek kata-kata 'Janc*k', 'Janc*k', 'Ta*k', 'Gob**k'. Yo model kata-kata mutiara koyok ngono. Wong liyo, selain wong Malang, lek ngerungokno pasti mikir e 'kasar nemen e wong Malang iki'. Tapi iku guduk kasar, wes nemplek ae ndek otak. 

Tapi ojok ditiru lho kata-kata iku. 

6. Ikii rodok nggilani, Luwih enak boker model ndomprok ketimbang lungguh. 

Lek iki opo gara-gara kebiasaan ae yo, ancen temenan boker model ndomprok ketimbang lungguh. Ndomprong ambek nyekel HP, opo ndomprok ambek mikirnp seng ngawang-ngawang ngono iku yo enak. Ketimbang lungguh iku gak enak. Maneh, iku paling gak kebiasaan. 

Iku ae postingan ku boso Jowo. Entenono posingan boso Jowo seng liyane. 

Daahhhh.

Nggae boso opo enak e?


Haalllooo. Aku mbalek maneh gae nulis (boco : ketik) ndek blog iki. 

Dino-dino iki aku kegandrungan nguruki konco-koncoku seng gudhuk wong Malang gae sinau boso Malang, seng jarene arek-arek luar kota boso kasar, ben ketularan iso ngomong jowo. Tapi, dibalik aku ngajari iku, ternyata onok arek Malang, iki paleng arek Malang abal-abal, seng bendinone nggawe bahasa Indonesia. 

Lek aku bukane yok opo, tapi logate arek e ngomong iku guduk boso Jowo, tapi nggae logat Jakarta. Malah onok maneh seng arek tekan Tulungagung, tapi lek ngomong sak bendinane nggae boso Jakardah. Contohne, "lo mau kemana?", tapi lo ne iku onok H ne ndek tengane. Hayoooo yok opo lek ngono?

Yo gak yok opo opo ta, opo o emang e lek nggae boso Jakardah? Kan ben ketok GEHOLL.

Gehol? Koyok e kata-kata kudu di garis bawah i, di bold, di capslock jebol pisan. Mek gara-gara pengen ketok GEHOL arek iku nggae boso Jakardah bendinone. Yo gak onok seng ngelarang arek e ngono.

Berarti seng gak GEHOL iku author, gak tau ngomong nggae boso Jakardah yo?

Yo tau, tapi kan mek digae guyonan tok ambek konco-konco. Tapi lek gae boso bendinone yo tetep ta boso Jowo. Lek ate GEHOL iku yo onok cara seng luwih apik ketimbang ngomong boso seng gak cocok karo arek e. 

Emang e cara e opo?

Yo lek awakmu bangga ambek bosomu dewe, kudune koen nggae boso tekan endi koen teko. Contoh e wes aku, aku arek Malang asli, yo aku lek nang endi-endi tetep mertahanno nggae logat Malang. Masio a ngomong nggae boso Indonesia, tapi tetep onok logat Malang e. Gak koyok contoh seng tak kei iku mau. Arek e tekan endi, nggae bosone tekan endi. Berarti arek iku wes ketok lek deweke gak bangga ambek bosone arek e, boso Jowo. 

Seng aku salut nemen iku, onok arek sak angkatan ambek aku, asale tekan Batak. Masio arek iku bergaule ambek arek seng ngomong e gae boso bedo-bedo, tapi arek e tetep mertahano gae logat Batak, masio ngomong gae bahasa Indonesia. 

Arek model koyok ngonolah seng perlu di acungi 4 jempol. Iso mertahanno budaya e dewe ndek tanah e uwong. Selain iku arek e yo gak isin, seng onok malah bangga lek arek e iku tekan daerah liyo. Kudune awak dewe iku iso mertahanno bahasa seng biasa awak e gunak no, gak malah isin nggae bahasa iku. 

Lha koen gak isin a nggae boso Jowo ae bendino? 

Ora lhaaaaa. Lha lapo aku kudu isin barang. Aku bangga rek dadi arek Ngalam sejati. Aku bangga ambek bosoku. Aku seneng nggae boso Malangan, masio wong liyo lek ndelok aku ngomong koyok wong ngamok-ngamok. Aku malah bangga ndudukno bahasaku iki, masio onok seng kasar. Tapi tetep ta, boso nomer siji iku yo Bahasa Indonesia.

Dan siji maneh sak durunge aku mengakhiri potingan iki. Lek koen guduk wong Jakardah, ojok sekali-kali ngomong "LO-GUE-LO-GUE", opo maneh lek awakmu wong Jowo. Gak pantes ngerti gak ambek logatmu. Dikiro apik a lek awakmu iku ngomong cara ngono? GAK BLAS! Wes mendingan koyok seng aku ngomong mau, mending nggae boso awak e dewe, lek koen wong Jowo yo ngomong Jowo. Lek koen wong Jakardah, silakan ngomong Jakardah. Lek koen wong Meduro, silakan ngomong boso Meduro. Tapi lek wes kumpul dadi siji yo nggae boso Indonesia, jeeehhh. 

Iku mau potingan tentang uneg-unegku. Gak usah dilebokno ndek ati. Lek berguna gawe en, lek gak yo guwak ae. Daahhhh...
Copyright 2009 What's up with Bindi's brain? . All rights reserved.
Bread Machine Reviews | watch free movies online by Blogger Templates